Sabtu, 02 Januari 2016

Khutbah Jum'at : " Tiga Amal yang Tak Akan Terputus Pahalanya "



إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْهُ فَلاَ هَادِيَ لَهُ.
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
يَا أَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
قَالَ الله تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
 وقَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا.
يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
أَمَّا بَعْدُ؛
فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيثِ كِتَابُ اللهَ، وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى الله عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَّرَ الأُمُورِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلَّ ضَلاَلَةٍ فِي النَّارِ.

Jamaah jum’ah rokhimakumullah
Sumonggo sesarengan kita ngunjukaken raos syukur wonten ngarso dalem Allah SWT ingkang tansah maringi kathah-kathah nikmat, rohmat, lan hidayah kagem kita sedaya sahingga kula lan para jamaah sedaya saget nindaaken sholat jum’ah wonten siang menika kanthi mboten wonten alangan punapa.
Sholawat kaliyan salam mugi tetep kacurah dumateng Nabiyullah Muhammad SAW, saha para keluarga, shohabat, tabi’in lan tiyang-tiyang ingkang tansah istiqomah wonten mergi taqwa. Amien Ya Robbal Alamien…

Jamaah jum’ah rokhimakumullah
Kula selaku khotib, wasiat wonten diri kula pribadi lan para jamaah sedaya, sumonggo sesarengan tansah ningkataken kualitas iman lan taqwa kita dumateng Allah, kanti nindaaken sedaya printah-printahipun Allah lan nebihi lan ninggal sedaya larangan-laranganipun Allah SWT.

Jamaah jum’ah rokhimakumullah
Kanjeng Nabi Muhammad SAW ngendika wonten ing hadits :      
عَنْ أبِى هُرَيْرَة ره : أنَّ رَسُول الله .صَ م. قَالَ:
 إذَا مَاتَ ابن  ادم انْقَطَعَ عَمَلُهُ إلاَّ مِنْ ثَلاَثٍ
(صَدَقَةٍ جَارِيَةٍ اَو عِلْمٍ يُنْتَفَعُ بِهِ, اَووَلَدٍ صَالِحٍ يَدْعُولَهُ (رواه مسلم
“ Saking Abu Hurairah R.A ; Rasulullah Muhammad SAW ngendika :
Yen anak adam ( manungsa ) iku mati, mila pedot kabeh amal-amale ing dunya, kajaba 3 perkara : 1. Shodaqoh Jariyah 2. Ilmu kang Manfaat 3. Anak Sholeh kang ndongake wong tuwane “ ( HR. Muslim )

Wonten hadits menika, saget dipun pendet hikmah utawi pelajaran, yaiku :
-       Hikmah Ingkang Sepindah
Sedaya anak adam / manungsa iku bakale sedo.
Gusti Allah SWT ngendika :
“ Kullu nafsin da-iqotul maut … “
“ Saktemene sg nduweni nyawa iku bakale mati “
Lan ajal utawi sedanipun tiyang niku sampun ditulis wonten Lauhul Mahfudz kalih Allah SWT, bade dipun pundut kala bayi, kala umur TK, SD, SMP, SMA, umur kuliah, umur kerja, kala sampun gadah istri, gadah putra, gadah wayah, sedaya wau ajale sampun ditentuaken kalih Allah SWT.
Sakliyane niku, kanjeng Nabi ugi memprediksi yuwsanipun umate Kanjeng Nabi Muhammad ing akhir jaman ora bakal luwih saka 60 tahun. Lan ingkang sampun punjul yuswa 60 menika arane bonus saking Allah SWT.

-       Hikmah Ingkang Angka Kalih
Sedaya amal-amal sholih ingkang dilampahi wonten alam donya sampun mboten saget dipun terasaken wonten alam akhirat, kayata sholat, zakat, siyam, haji, lan liyan.liyane

-       Hikmah Ingkang Angka Tiga
Ngendikane Kanjeng Nabi bilih, kejaba 3 perkara : maksude 3 perkara iki ora bakal pedot , ora bakal rampung, ora bakal kukut ganjarane malah tansah mili teruss ganjarane senaoso tiyang wau sampun sedo,

Menika :
Shodaqoh Jariyah, Ilmu kang Manfaat lan Anak Sholeh.
1.    Shodaqoh jariyah menika shodaqoh kang mili terus pahalane lan gede manfaate.
Contonipun shodaqoh jariyah menika : wakaf tanah kagem ngedekke masjid, madrasah, sekolahan, panti asuhan. Ugi wakaf bahan bangunan material lan  arto  ugi saget mlebet shodaqoh jariyah. Pramila monggo enggal-enggal kemawon berfastabiqul khoirot utawi berlomba-lomba dlm kebaikan kanti shodaqoh / amal jariyah damel pembebasan tanah masjid As.Shidiq dusun Soka.
 Insya Allah, ingkang sampun jariyah kagem pembebasan tanah masjid menika dipun tampi kalih Allah amalipun, dipun tambah rizkinipun, lan bade dipun ileni kanti ganjaran ingkang katah wonten alam akherat mbenjang. Amien Ya Robbal Alamien…
2.    Ilmu kang Manfaat
Nopo sejatine ilmu kang manfaat menika ??
Kanjeng Nabi ngendika “ Anil Balighu walau Ayah “ = “ Sampekno sg sliramu ngerti saka Aku ( Kanjeng Nabi ) arepo mung sak ayat “
Dados ilmu agama sitik kemawon ingkang njnengan gadhah, sumonggo dipun tular-tularaken kagem keluarga, kagem tangga, kagem lingkungan, lan kagem tiyang kathah supados saget dados ilmu kang manfaat, kang janjine mau bakal mili ganjarane senaoso tiyange sampun sedo. Lan kagem para kyai, ustad, mubaligh, da’i, guru, dosen lan para pendidik, insya Allah ingkang dipundadosi profesi menika tansah dados ilmu kang manfaat. Amien ya Robbal Alamien…

3.    Anak Sholeh
Anak utawi putra menika sejatine investasi utawi tabungan kagem para tiyang sepuh.
Mila monggo ampun kesupen ndadeaken putra-putrinipun kula panjengen sami dados putra-putra ingkang sholeh-sholehah. Amargi donganipun putra ingkang sholeh, saget tembuss marang langit. Donganipun putra sholeh “ Robbighfirli waliwalidayya warhamhuma kama robayani shoghiro “ saget ndadosaken pitulungan wonten akherat mbenjang.

Jamaah jum’ah rohimakumullah
Sumonggo kita siap-siap ngempalaken sangu kagem akherat sak mangkih, amargi ajal / sedanipun kula lan panjenengan sami mboten saget dipun prediksi, lan sumonggo ampun kesupen nindaaken amalan shodaqoh jariyah, nyebaraken ilmu agama kang manfaat lan ndidik putra-putri kanti dados putra-putri kang sholeh sholehah.
Amien Ya Robbal Alamien…


بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ
الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar